Selamat Datang di Portal Pendidikan

GEGURITAN


        
             Geguritan inggih menika salah satunggaling asil karya sastra Jawa, mliginipun Jawa Modern ingkang boten kaiket ing paugeran tartamtu, kadosdene guru lagu, guru wilangan, sarta guru gatra. Geguritan limrahipun kaserat larik-larik, wondene cacahipun larik menika  gumantung saking asil kreasinipun pangripta. Semanten ugi cacahipun pada boten wonten paugeran ingkang baku.
            Geguritan asale saka tembung gurita. Gerita  linggane gita. Gita tegese tembang utawa syair.Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Syair Jawa gagrag anyar . Geguritan utawa guritan iku ing basa Indonesia diarani puisi. Mula, geguritan uga kasebut puisi jawa modern.

A.    NyeratGeguritan

Sapa wae bisa gawe geguritan. Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake  (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kang tinemu ing masarakat. Isa dadi sarana kanggongesokake rasa pangrasaning ati, umpamane rasa senang, nesu, ngalem, kuciwa, lsp. Nulis geguritan bisa nganggo ngladhi landhepe nalar lan rasa meruhi samubarang kahanan. Geguritan iku kelabu asil cipta, rasa lan karsa kang ditulis nganggo tembung-tembung kang pinilih, mentas lan basa kang runtut.
Ciri-cirine geguritan:
1.      Tembunge pinilih.
2.      Ora kaikat mawa paugeran kaya dene tembang macapat.
3.      Basane kalebu basa endah, ora kaya basa padinan.
4.      Saben sairah-irahan dumadi saka sapada utawa luwih. Ingkang baku maknanipun manunggal.

B.     Maos Geguritan

Maos Geguritan menika sami kaliyan maos puisi utawi dheklamasi. Ingkang perlu dipungatosaken nalika maos geguritan inggih menika:
-          Wirama      : munggah-mudhune (membat-mentule) swara, pocapan (irama).
-          Wirasa       : penghayatan, ngrasakakeisine.
-          Wiraga       : pocapan(lafal), ekspresi, patrap/sikap, obahingawak, lanpasemon (rai).

C.    Caranipun damel geguritan:    

1.      Milih tema (religius, katresnan, patriotisme, kaendahan, pengorbanan, kritik sosial, lsp).
2.      Ngetokake rasa pangrasa.
3.      Wiwit nulis saukara mbaka saukara.
4.      Ngentekake rasa pangrasa kang lagi dilakoni.
5.      Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isi utawa temane geguritan.

Tuladha geguritan


Nggayuh Ngilmu
Dening :Hardiyanto

Ngronce dalan tumuju laku
Ngangsu kawruh ngabekti
Ben sisuk nglungguhi klasa gumelar
Wiwit kuncung nganti gulung
Ora ana pedhote kawruh
Ora cepet ora ngliwet
Ora ngedan ora keduman
Jamane modern saiki
Bocah saiki kudu bisa
Titi titis tatas lan trengginas
Sapa nglokro bakal bodho
Tininggal kanca bala






§  Sumber kapendet saking werni-werni buku
Share this post :

Post a Comment

Statistik Blog

Pengumuman

Pengumuman
 
di Share Oleh : Bambang Setiawan | Wong Matematika | sman 1 Cipari
Copyright © 2015. SMAN 1 CIPARI - All Rights Reserved
Template by Wong Pacitan Modified by MR-BeBe
Proudly powered by Blogger